Selamat Datang

Minggu, 20 Juni 2010

guritku

TRESNAMU ING ATIKU

Ing wulan cahyane terang
Aku weruh pasuryanmu ing kana
Ngguyu lan nyawang aku

Sliramu mancarke cahya ing atiku
Kaya wulan kang mancarke cahya saben wengi
Wangine tresna wis mambu
Ngguyu wis ngrekah

Tresna kuwi wis mekar
Lara wis mari
Ra ana goresan lara
Tresnamu dadi obat ing jero atiku

Ireng wis karubah dadi putih
Lan...
Karepku tetep putih selawase

SLIRAMU

Atise wengi iki,
ngrasuk ing awakku
Resahe ati dadi slimute kalbu

Aku pengin sliramu ana terus
Ing ngimpi lan nyataku
Ngiasi saben dina-dinakU

HELEN

Helen.....
Ya, jeneng kuwi sliramu ucapke marang aku
Nyapa aku ngono
Aku ora ngerti apa karepmu?

Sliramu nggawe aku ngguyu
Najan ora ana kang lucu
Aku langsung ngguyu
Yen krungu omongan lan swaramu

Nggawe atiku rumangsa kepenak
Sliramu sakabehane kanggo aku
Kanca sejatiku
Najan kita nembe sedhela kancanan

Sliramu lunga adoh saka aku
Nganti aku mikir
Dhewe ora mungkin ketemu maneh

Helen,
Aku pengin krungu kata kuwi
Metu saka wicaramu marang aku

ESUK IKI

Atise esuk karo slimute kabut
Lan tetesan banyu udan
Nggawe ora ana tenaga
Karo apa kang meh dilakokake
Kabeh tek rasakake
Kaya atise awak ora nganggo slimut
Lan...
Tetesane luh nggawe aku pengin lunga
Iki dalan kang mesti aku lakoni

KANCA

Kanca kuwi kaya lintang ing langit
Senajan adoh,
Tetep mancarke cahya

Najan kadang ilang
Dheweke tetep ana

Ra ana wong kuwi
Namung...
Ora bisa dilalekake
Ana terus lan ngiasi ati

PURBALINGGA

Purbalingga...
Aku kangen
Wes suwe aku lunga
Aku pengin ngrasakake ramene maneh

Alun-alun ora tau sepi
Sawah-sawah ijo,
Esih akeh tak sawang
Gunung slamet ingkang endah
Purbalingga...
Kapan aku balik?
Nyawang kahananmu saiki

TAUN BARU

Langit ing wengi iki
Akeh lintang-lintang ingkang mancarke cahya
Nanging wulan ora gelem metu
Ngancani lintang-lintang ingkang akeh

Aku nyawang langit iku
Lungguh karo sliramu
Pengin ngerti kahanane langit pas taun baru

Jam 12 wengi kurang seprapat
Kembang api wis akeh,
pada ngluncur marang langit
Ingkang werna-werni

Duh.....
Apik banget langite saiki
Ora mung ana bintang-bintang
Nanging dikancani kembang api

LARA ATI

Ngapa sliramu mung nggawe lara atiku?
Apa kuwi namane tresna?
Aku wis angel percaya karo sliramu maneh

Susah ngilangke lara atiku iki
Apa karepmu saiki,
Aku wis ora bisa mujudke maneh

URIPKU

Bareng karo metune surya
Aku nyawang padange dina iki
Kaya uripku saiki
Akeh kang arep gawe atiku seneng

Bapak...
Ibu...
Masku...
Kekasihku...
Kanca-kancaku..

Mugi karo anane sekabehane,
Aku bisa mujudke cita-citaku

NALIKA PADA LUNGA

Nalika wong-wong kang tak tresnani lunga,
Lunga kabeh saka uripku
Aku ora ngerti apa kang arep tak lakoni

Ora ana maneh kang peduli marang awakku
Ora ana kang ngurusi aku
Ora ana maneh wong kang sayang aku

Aku uga melu lunga adoh
Nanging karepku
Nusul ing tempate wong kang sayang marang aku

Kluargaku...
Kekasihku...
Kanca-kancaku...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar