Selamat Datang

Minggu, 31 Juli 2011

Unggah ungguh Basa Jawa

UNDHA USUKING BASA
-       Unggah-ungguhing basa Jawa yaiku trap-trapane basa Jawa kang tujuwane kanggo ngurmati utawa ngajeni wong liya.
  

Undha-usuk basa sekawan jinis dipunbangun saking tigang perangan inggih menika :
1.      tataran tembung (kata)
2.      tataran rimbag, (frasa)
3.      ukara (carita, pitakon, prentah)
Katerangan.
1.    Basa ngoko tegesé basa kang durung kacampuran basa krama utawa krama inggil, dadi sing digunakaké kuwi ngoko kabèh.
Tuladha: aku, kowé, dhèwèké, -mu, -né, tak-, lsp.
2.    Basa ngoko alus tegesé basa ngoko kang kacampur karo basa krama inggil.
Tuladha: Putrané sing mbajeng apa isih sinau nang Semarang?
3.    Basa krama tegesé basa kang awujud krama kabèh ora kacampuran krama inggil utawa ngoko.
Tuladha: Menawi makaten sampéyan asring kekésahan.
4.    Basa Krama inggil tegesé basa kang awujud krama kecampuran krama inggil, basané kang luwih alus lan ngajèni banget.
Tuladha:Kula badhé sowan wonten dalemipun panjenengan, tujunipun panjenengan taksih wonten dalem.

1.    Basa ngoko ;
a.    Dienggo wong tuwa marang anaké.
b.    Dienggo guru marang murid.
c.    Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
d.   Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
e.    Dienggo ngunandika (ngomong jroning batin)
Tuladha: Kowé gelem mangan sega pecel Mas ?

2.    Basa ngoko alus ;
a.    Dienggo déning wong wong sapadha-padha nanging isih ngajèni.
b.    Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.
Tuladha: Panjenengan gelem dhahar sega pecel Mas ?

3.    Basa Krama ;
a.    Dienggo déning wong kang durung raket banget.
b.    Dienggo déning wong kang durung tepung
Tuladha : Sampéyan purun dhahar sekul pecel Mas ?

4.    Basa Krama inggil
a.    Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
b.    Dienggo déning murid marang guru.
c.    Dienggo déning tetepungan anyar.
d.   dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.
Tuladha : Panjenengan kersa dhahar sekul pecel Mas ?

Materi Sesorah

Sesorah

Sesorah menawi wonten basa Indonesia asring kasebut pidato. Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku:
1. Aweh panglipur marang wong liya
2. Menehi kabar/informasi
3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake

Dene cengkorongane sesorah yaiku:
1.      Uluk Salam/ Salam Pambuka
2.      Purwaka Basa
a.       Atur pakurmatan
b.      Atur puja-puji
c.       Atur panuwun
3.      Surasane basa/ isine pidhato
4.      Ringkesan isi pidhato
5.      Salam panutup











Nuwun, Bapak Kepala SMA Terbuka Kutasari ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah kula tresnani.
Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan Lomba Porsenitas ing SMA Terbuka Kutasari Taun 2011 menika kanthi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara porsenitas. Sageda lumampah kanthi sae nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.
Kula minangka wakil OSIS ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Sukirto, S.Pd., M.Si minangka Kepala SMA Terbuka Kutasari, bapak/ibu guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika. Maturnuwun awit sedaya bimbingan saha panyengkuyungipun bapak/ibu satemah Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika saged kaleksanan lan samangke saged lumampah boten wonten alangan satunggal menapa.
Prelu kawuningan bilih Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika minangka salah setunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat nembang macapat, maos geguritan, damel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olah raga basket, tenes meja, volley lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.
Para siswa ingkang menang utawi dados juara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah sampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng boten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih. Sedaya menang lan kawon menika namung sarana nglatih kuwanen saha gladhen ngasah kawasisan. Supados ing tembe saged mekar ngrembaka dados bakat ingkang migunani kangge dhiri pribadi ugi kangge bangsa lan nagari umumipun.
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatanipun anggen kula matur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.
Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi lan matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.

Nir ing sambekala         =   boten wonten alangan satunggal menapa
Paripurananing              =   rampunging
Nggayuh                       =   njangka
Nyengkuyung               =   ikut serta
Kawuningan                 =   dingerteni
Kawasisan                     =   kapinteran
Mranani penggalih        =   nyenengke ati

Materi Pawarta

PAWARTA

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.  Perangane pawarta ing basa Inggris iku diarani 5W+1H, yaiku Who What, When, Where, Why, lan How. Pangertene ing basa Jawa yaiku sapa, apa, ing ngendi papane, genea, lan kepriye.
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan lan tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Lesan biasane digiyarake lumantar radio, TV utawa diwaca lugas. Tulisan pawarta iku lumrahe  kapacak ana ing kalawarti.
Perangan kan nemtokake bobot biji pawarta yaiku:
1.      Aktualitas
2.      Sesambungan karo papan kedadeyan
3.      Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadeyan
4.      Sesambungan karo pegaweyan pamaca/ pamiyarsa.
5.      Ganepe pawarta
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta Jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a.       Mangerteni kanthi cetha prakara kang disampekake
b.      Mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c.       Nyathet informasi sing bener lan premathi
Sakbubare para siswa ngrungokake pawarta diajab siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak, kesimpulan yaiku rumusan cekak saka loro utawa luwih pernyataan kang nduweni hubungan. Nyimpulke pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.


Sugeng siyang pamiyarsa
Kula Ariane Dewi dinten menika badhe maosaken pawarta ing Radio Simfoni Solo.

Evi 15 tahun salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rebo (13/4) antawis jam 10.00 tiwas sesampunipun dhawah ing wewengkon air terjun Jumog Jati, Kecamatan Jenawi. Warga dusun Bogu, Kroderan, Grobogan punika dhawah ing air terjun ingkang inggilipun 20 meter sesampunipun kepleset ing watu-watu ingkang wonten nginggil air terjun, satemah piyambakipun nandang tatu awrat perangan sirah lan badanipun.
Manut katrangan ingkang dipun kempalaken saking kepolisisan, kacilakan wau kedadosan nalika lare wau kaliyan kancaipun cacah gangsal tamasya ing air terjun wau.
Sesampunipun ing papan wisata, Evi sesarengan kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipun tingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggalipun kanca wanita ingkang wekdal mlangah nyabrangi kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun Evi lajeng kanyut kaliyan air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas sanalika.

Wewengkon    : tlatah
Satemah          : ing pungkasane
Kanyut            : katut, keli
Cocoran          : pojok

wara-wara

Wara-wara

Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati . Wara-wara minangka pretelan kang martakake saweneh kagiyatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, lan gampang ditampa. Lumrahe sing gawe wara-wara yaiku lembaga pemerintah, organisasi sekolah, panitia lomba, panitia amal, panitia kegiyatan, atau perseorangan.
Wara-wara sing becik iku kudu ana :
a)    Irah-irahan                                            f. peprenah/ jabatan sing ngabari
b)   Pambuka : sing diwenehi kabar            g. tapak asta
c)    Isi                                                          h. asmane: sing tanggung jawab
d)   Panutup : panyuwun / pangajab           i. basane cetha, gampang dingerteni
e)    Papan lan titi mangsa

Wara-wara bisa kaprinci dadi sanga, yaiku :
1)   Paturan (laporan)                                  6. Patembaya (sayembara)
2)   Pratelan (pernyataan)                            7. Lelayu (seripah)
3)   Iber-iber (plakat selebaran)                   8. Komersial (iklan)
4)   Sedhahan (ulem, undhangan)               9. Sandi (ceramah)
5)   Aben trampil (perlombaan)

Wujud pengumuman ana 2 yaiku lesan (lumantar media elektronik) lan tulis (lumantar media cetak). Ana pirang-pirang perkara kang kudu digatekake nalika gawe wara-wara. Perkara iku antarane:
a)    Kanggo sapa wara-wara kuwi
b)   Kepriye basane
c)    Apa surasane
d)   Kepriye urut-urutane wara-wara mau

Wara-wara 1
WARA-WARA
Innalillahi wainna Illaihi Roji’un
Assalamu’alaikum Wr...Wb...
Ngaturi menawi dinten Selasa Pahing 20 April 2004, Ibu. Suliyah sampun dipunpundhut Allah SWT.
Almarhum kaparingan umur 82 taun.
Jenasah badhe dipunsarekaken ing Pasareyan Sujarah
Selasa, 20 April 2004
Jam 14.00 WIB
Mbok bilih almarhum gadhah kalepatan dhateng panjenengan, keluarga nyuwun ngapunten.

Wassalamu’alaikum Wr... Wb...
Purbalingga, 20 April 2004
Ingkang nandhang sungkawa
1. Ibu Khotimah
2. Ibu Satiyah
3. Ibu Maryamah

Wara-wara 2



Woro-woro

Kanca-kanca kang daktresnani
Kanggo mahargya pengetan dina Kamardhikan 17 Agustus, OSIS SMA Terbuka Kutasari bakal nganakake lomba maca geguritan. Lomba bakal dianakake ing:

Dina           :    Kemis
Tanggal      :    18 Agustus 2011
Papan        :    Lapangan SMA Terbuka Kutasari
Wektu        :    08.00 WIB


Kabeh kelas kudu ngirimake wakile ing lomba kasebut

                                                  Purbalingga, 1 Agustus 2011
                                                                Ketua Osis

                                                                Deni Efendi