Selamat Datang

Jumat, 28 Maret 2014

WIDYA TEMBUNG



Widya tembung punika ngelmu ingkang nyinau bab tembung (morfologi). Tembung punika rerangkening swanten ingkang kawedhar lumantar tutuk ingkang ngemu teges lan kasumurupan suraosipun.
1.    Wujud Tembung (Bentuk Kata)
a.    Tembung Lingga (kata dasar), tembung ingkang durung owah saka asalipun utawa dereng angsal imbuhan. Tuladha Pati, dus, doh, ton, pangan, lsp.
b.    Tembung Andhahan (kata jadian), tembung kang sampun owah saka asline, tembung andhahan kadadeyan saka tembung lingga kang entuk ater-ater, seselan, panambang utawi rinangkep.
Imbuhan (afiks), wonten sekawan (4) inggih punika :
1)   Ater-ater (awalan), imbuhan kang mapan sangarepe tembung lingga.
Ater-ater kaperang dadi:
1)   Ater – ater anuswara ; an- (n-), am- (m-), ang- (ng-), any- (ny-) ;
o  An- + deleng _ andeleng utawi ndeleng
o  Am- + balang _ ambalang utawi mbalang
o  Ang- + gawa _ anggawa utawi nggawa
o  Any- + sapu _ anyapu utawi nyapu
2)   Ater – ater Tri Purusa ;
o  Dak-, Kok-, Di- ;
o  Dak- + pangan _ dakpangan (takpangan).
o  Kok- + gawa _ kokgawa (mbokgawa).
o  Di- + luru _ diluru
3)   Ater – ater sanèsipun ; a-, ma-, ka-, sa-, pra-, pa-, kuma-, kapi-,

o  A- + dus _ adus
o  Ma- + gawé _ magawé
o  Ka- + telu _ katelu
o  Sa- + iket _ saiket
o  Pra- + setya _ prasetya
o  Pa- + temu _ panemu
o  Kuma- + wani _ kumawani
o  Kapi- + tuju _ kapinuju

2)   Seselan (sisipan), imbuhan ingkang mapan samadyaning tembung lingga, -in-, -um- ;
o  -in- + tuku _ tinuku
o  -um- + gedhé _ gumedhé
3)   Panambang (akhiran), imbuhan ingkang mapan sakmburine tembung lingga, -a, -an, -ana, -na, -ake, -i, -e, -ku, -mu ;

o  Mugi + -a _ mugia
o  Pati + -an _ paten
o  Tiba + -an _ tiban
o  Tuku + -an _ tukon
o  Loro + -an _ loronan
o  Tiba + -na _ tibakna
o  Tuku + -na _ tukokna

4)   Imbuhan Bebarengan.
a)    Imbuhan bebarengan rumaket
o  Imbuhan ka – - an ------ kabledhosan
o  Imbuhan ke - – en --------- keciliken
o  Imbuhan pa (A) - –an ------papringan
o  Imbuhan pra- -an ----------pradesan
b)   Imbuhan bebarengan renggang.
o  imbuhan A- - lan (Anuswara - -lan) ---nyokoti
o  imbuhan A- -a (anuswara- -a) ------ mbalanga
o  imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake) – mbalamgake
o  imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana) –mbundhelana
o  imbuhan A- -e (Anuswara- -e) mlakune
o  imbuhan di- -lan -------- diwelingi
o  imbuhan di- -a ----------- didhudhaha
o  imbuhan di- -ana ---------- dijotosana
o  imbuhan di- -ake ------- diwalesake
o  imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana - ginambaran, sinambungake, ditangisana
o  imbuhan (-um-) –a --------- sumingkira
o  Imbuhan sa- -e --------------- sacilike
c.    Tembung Rangkep (kata ulang), tembung rangkep ana wera loro yaiku kang dumadine sarana ngrangkep linggane utawi wandane. Sejatie tembung rangkep ana telu yaiku:
1)   Tembung Dwilingga yaiku Tembung kang dumadine sarana tembung lingga kang dirangkep.
o  Tembung Dwilingga Wantah ;
Guru + rangkep _ guru – guru
awan + rangkep _ awan - awan
murah + rangkep _ guru – guru
o  Tembung Dwilingga Salin Swara ;
Bali + rangkep _ bola - bali
Tangi + rangkep _ tonga - tangi
Turu + rangkep _ tura - turu
2)   Tembung Dwipurwa, yaiku tembung kang saka pangrangkepe purwane (ngarep) tembung lingga

Tuku + rangkep _ tutuku _ tetuku
Tulung + rangkep _ tutulung _ tetulung
Gaman + rangkep _ gagaman _ gegaman
Pingit + rangkep _ pipingit _ pepingit
Laku + rangkep _ lalaku _ lelaku
Guyu + rangkep _ guguyu _ geguyu

3)   Tembung Dwiwasana, yaiku tembung kang ngrangkep wanda wekasan/ ngrangkep wasananing tembung
Benyik + rangkep _ benyinyik
Penyo + rangkep _ penyonyo
Pathet + rangkep _ pathethet
d.   Tembung Camboran (kata majemuk), yaiku tembung loro nanging tegese siji. Upamane pala kapendhem, tegese sebangsane tela. Iku diarani tembung camboran (kata majemuk). Dadi tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi anyar lan tegese ya melu anyar. Sing dikarepake teges anyar ing kene yaiku tegese tembung mau beda karo tembung nalika isih awujud tembung linggane.
2.    Jinis tembung (jenis Kata)
a.    Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa tandang gawe, upamane mbalang, nendhang, njiwit, nyuwil, lan ngampleng. Tembung kriya uga bia ngemu teges lumakuning kaanan, upamane mecah, mbledos, thukul, kempes, lan njeblug.
Tembung kriya bisa diorakake nganggo tembung ora. Kajaba iku, tembung kriya bisa sumambung karo tembung anggone. Tuladha lunga, turu, mangan, nangis, nggambar, nyilih lsp.
ü Kriya Tanduk (kata kerja aktif), yaiku tembung kriya kang jejere (subjek) dadi paraga. Tembung kuwi diwuwuhi ater-ater (m-, n-, ng- lan ny-). Lan jejer tansah dadi paraga kang nindakake sawijining pakaryan. (upamane : njawil, mlumpat, nulis, nuthuk).
ü Kriya Tanggap (kata kerja pasif), yaiku tembung kriya kang jejere (subjek) dadi sasaran (penderita). Tembung kriya tanggap biasa diwuwuhi ater-ater (di-, ka-, ke- lan seselan -in-).Upamane : dijawil, ditulis, dithuthuk, tinulis, thinuthuk, jinawil).
b.    Tembung aran (kata benda)
Tembung aran yaiku tembung kang mratelake  jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sumambung karo tembung dudu utawa anal an ora bisa sumambung karo tembung ora. Tembung aran uga bisa dilar utawa dijembaral (diperluas) kanthi muwuhake tembung kang+ tembung kaanan utawa kang + tembung kriya ing sisih tengene tembung aran. Tuladha manggis, watu, gunung, dhemit, sapi, kursi, meja, wedhus, bocah, ngelmu, omah, kebo,lsp.
c.    Tembung sifat (kata sifat)
Tembung sifat yaiku tembung kang bisa mratelake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab. Tembung sifat bisa dibedakake dadi loro, yaiku:
ü Tembung watak iku ora bisa owah, upamane drengki, jail, bombongan, lan methithil.
ü Tembung kaanan iku bisa owah kayata mlarat, sugih, sengsara, mulya, beja, lan cilaka.
Tembung sifat bisa sumandhing karo tembung luwih, rada, paling, lan uga bisa sinambung karo tembung banget. Tembung sifat uga bisa dirangkep lan diwuwuhi ater-ater sa- lan panambang –e utawa –ne. Tuladha tembung sifat yaiku ayu, pinter, tuwa, kemproh, tentrem, bunder, bodho, gedhe, sabar, sregep lsp.
d.   Tembung katrangan (kata keterangan),
Tembung katrangan yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat, wilangan lan uga bisa nerangake tembung katrangan. Tuladha arep, isih, dudu, gek, entuk, karep, lagi, lsp. Tembung katrangan ana kang diwuwuhi imbuhan, ana kang dirangkep, la nana uga kang dirangkep lan diwuwuhi imbuhan. Tuladha prayogane, kudune, anggone, meneng-meneng, cepet-cepet, entek-entekan, cilik-cilikan, lsp.
e.    Tembung sesulih (kata ganti orang/ pronominal)
Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang. Tuladha tembung sesulih:
1)   Sesulih Purusa (kata ganti orang)
Tuladha, aku, kula, kawula, kita, kowe, sampeyan, kowe kabeh, panjenengan sedaya, panjenengan, dheweke, dhekne, piyambake, piyambakipun.
2)   Sesulih pandarbe (kata ganti empunya)
Tuladha, dak- (tak-), ko- (kok-).
3)   Sesulih Panuduh (kata ganti penunjuk)
Tuladha iki, iku/kuwi, ika/kae, niki, nika, niku, punika (menika), lan nganu (anu).
f.     Tembung wilangan (kata bilangan)
Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelake gunggunge barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab. Tuladha:
1)   Wilangan Babon/utuh/utama.

0 = enol (das)
1 = siji (eka)
2 = loro (dwi)
3 = telu (tri)
4 = papat (catur)
5 = lima (panca)
6 = enem (sad)
7 = pitu (sapta)
8 = wolu (hasta)
9 = sanga (nawa)

2)   Wilangan kumpulan (upamane 11 = sewelas, 21 = selikur, 50 = seket, 1000 = sewu).
3)   Wilangan sadhengah (upamane ; sithik, saperangan, sacuwil, akeh, kathak, sekedhik, sadaya).
4)   Wilangan Susun. (pisan, pindho, katelu, kaping pitu lsp.)
5)   Wilangan Pecahan. (1/4 = seprapat, ½ = separo, 2/3 = rong protelon, ¾ = telung prapat lsp.)
g.    Tembung panggandheng (kata sambung/ konjungsi)
Tembung panggandheng yaiku tembung kang gunane nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa. Tembung panggandheng uga bisa kanggo, utawa nggandhengake tembung siji lan tembung liyane ing sawijining frasa. Tuladha tembung panggandheng yaiku: Sawise, sadurunge, wiwit, rikala, nalika, sinambi, nganti, yen, sanadyan, saupama, mangka, kamangka, awit, jalaran, ben, tinimbang, amarga, klawan, nanging, lsp.
h.    Tembung ancer-ancer (kata depan/ preposisi)
Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer tansah mapan ing ngarep tembung aran uatawa tembung sifat. Tembung ancer-ancer iki gunggunge mung winates.
Tuladha, ing, menyang, saka, kanggo, marang, dening, wiwit, kadya, karo, kadi, mawa, kaya, minangka, manut, kanthi, menyang, supaya, saking, kalihan, kagem, kangge, dhateng, lantaran, sareng, lsp.
i.      Tembung panyilah (kata sambung/ artikula)
Tembung panyilah yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwaning tembung kang disilahi lan tembung iki gunggunge winates. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, kang, lan para.
j.      Tembung panyeru (Kata seru)
Tembung panyeru yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, kangelan, susah, lan rasa gumun. Kang kalebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, yahud.


Maca Aksara Jawa



zunD|h[woai=pk/ti
ai=s[j]oni=auripBeb]ynHanai=tnhjw,
anpribsnK=auni[nzunD|h[woai=pk/ti.
bebsnHikuzemutege[sWo=k=nnD=ks=srnHutwnemukbejnHm/gskpk/y[n[d[w.

zunD|h[woai=pk/tibebsnLiy[nyaiku spg[wz=[gospnnF|/bklZ|nD|h,
menwnnF|/becikHi=[t[mBaiybklZ|nD|h[woai=kbeciknNzi= [ynNnF|/[ralautwkur=p][yogybklZ|nD|hp]ti=kh[aorgenhaiku.

[am[nm[nhsi=zunD|h[sokZnTiteknHnkPutu, mulskkuwisbisbis[nfikulink[ktuminFkSi=netepiaturn\. ai=s[j]oni=tuminFkBisa[whptuldnMr=ankPutu.

p[nCnbene/ai=[fovaiki[aorantithk= smPu/ntnPccfNzi=ccfMauajznTifige[dkGe[dk[k. pribsnZ|nD|h[woai=pk/tiauganai=ajrnHinF| yaikuapk=fijenez[kaukumK/m.

ASAL-USUL DESA DAGAN



Ing Gunung Kelir ingkang inggil lan kathah wit-witan maneka warna criyose wonten prawan tuwa. Prawan tuwa punika manggen ing desa Dagan ingkang mboten tebih saking kutha Bobotsari. Dheweke panguripane tentrem kaliyan tiyang sepuh kekalihe. Tiyang sepuhe rumangsa sedhih amarga putribe ingkang asmane Ni Rantansari sampun nate sepuh ananging mbotun purun omah-omah.
Tiyang sepuhe ngantos bingung punapa malih ingkang badhe ditindhakaken. Sanadyan tiyang sepuhe maratani, Ni Rantansari lan kulawarga mboten kirang lan kaperluane saged decukupi. Ni Rantansari saben dinten pegaweyane mbatik.Kulawargane mboten kirang sandhang lan pangan.
Boten namung maratani, mligi gadhah kewan piyaraan ingkang detresnani yaiku lembu jaler ireng ingkang dewenehi julukan Banteng Wulung. Banteng Wulung gadhah keanehan yaiku saben wonten marabaya utawi penjahat. Banteng punika ucul saking cencangan lan ngoyak penjahate.
Mboten tebih saking daleme Ni Rantansari, tepate wonten ing Dukuh Pamujan wonten Demang ingkang taksih enem asmane Ki Demang Jalipura. Dheweke punika Demang ingkang wicaksana mbela kapentingane tiyang kathah. Mula masyarakat sakelilinge segan sanget marang dheweke.
Ki Demang Jalipura tresna sanget marang Ni Rantansari nanging Ni Rantansari mboten purun. Ki Demang Jalipura entuk wangsit saking Gusti ingkang Mahakuwasa supados mertapa ing Wadas Payung gina sesuk saged omah-omah kaliyan Ni rantansari.
Saking tresnane marang Ni Rantansari, wengi jum’at kliwon Ki Demang Jalipura budhal saking daleme kaliyan pembantune kekalih yaiku Rasim lan Sento.
Dereng suwe perjalanane Ki Demang Jalipura lan pembantune, anehe wektu budhal sesampune ngantos ing curugan utawi air terjun perbatasan desa, kahanan dados peteng gagap sahingga Ki Demang Jalipura lan pembantune mboten ngertos arah lan dalan kang badhe delewati. Mula tiyang tiga wau mampir ing daleme Ni Kardem kangge wudhu rumiyin. Ngantos saniki mata air punika terkenal lan taksih dekeramataken ingkang dejenengi Tuk Kardem.
Sesampune tiyang tiga wau wudhu, kahanane gantos malih dados padhang sanget kadas kahanan kala wau saderenge peteng. Nembe mawon tiyang punika budhal marang pertapan Wadas Payung kangge menuhe wangsit saking Gusti Ingkang Mahakuwasa. Menawi Ki Demang Jalipura badhe omah-omah kaliyan Ni Rantansari syarate mesthi mertapa rumiyin.
Ki Demang Jalipura tresna sanget marang Ni rantansari lan bakal nindakaken punapa kemawon asal lan entuk Ni Rantansari saged omah-omah kaliyan Ni Rantansari. Pembantune kekalih nggih setya sanget kaliyan majikane mula ngancani majikane nggolek pertapan Wadas Payung.
Ing Dukuh Glempang, uga wonten pendhekar enem ingkang tresna sanget marang Ni Rantansari yaiku Ki Arsantaka. Ki Arsantaka inggih menika putra bupati Onje II. Ki Arsantaka wektu enem asmane Ki Arsakusuma. Panguripan Ki Arsantaka sesampune budhal saking Kadipaten Onje yaiku maratani lombok. Ki Arsantaka sampun nate nglamar Ni Rantansari nanging nasibe nggih sami kaliyan Ki Demang Jalipura.
Ki Arsantaka ditolak dening Ni Rantansari. Ki Arsantaka mboten nyerah, amarga dheweke tresna sanget marang Ni Rantansari lan kepengin omah-omah kaliyan Ni Rantansari. Karsane saged katindakaken menawi dheweke saged ngalahaken Ki Demang Jalipura amarga tiyang kekalihipum sami-sami kersa Ni Rantansari.
Saben wengi Ki Arsantaka donga supados dewenehi petunjuk saking Gusti Ingkang Mahakuwasa. Dekancani dening pembantune yaiku Miman, Ki Arsantaka saben wengi siram ing mata air ingkang wonten petilasan Batu Tumpang ing Dukuh Glempang. Dheweke dewenehi wangsit supados mertapa ing Tol Grenggeng. Ki Arsantaka kaliyan pembantune budhal marang tol grenggeng. Panggonan menika dejenengi tol grenggeng amarga saben wengi jum’at kliwon teng mriku wonten swara tollll grenggengngngngng.
Saben wengi Ki Arsantaka donga mboten wonten mandhege. Wonten mriku uga dheweke decobi kaliyan macem-macem godaan ingkang medeni nanging Ki Arsantaka mboten ajrih. Anehe kahanan sakitare tol grenggeng wektu dalu menika padhang sanget kados kahanan awan-awan. Ing mriku wonten cahya ajaib suminar ingkang menehi terange Ki Arsantaka ingkang saweg mertapa.
Wektu dalu jum’at kliwon genep sekawan dasa dalune, Ki Arsantaka dewenehi wangsit saking Gusti Ingkang Mahakuwasa supados nemoni Ki Demang Jalipura ingkang saweg mertapa ing Wadas Payung. Ki Arsantaka budhal saking tol grenggeng dalu punika dekancani kaliyan Miman pembantune. Sesampune dalu sanget Ki Arsantaka dugi ing tujuane yaiku panggonan kang dienggo mertapa dening Ki Demang Jalipura.
Ki Demang Jalipura kaget entuk sapaan ingkang dumugi dalu sanget. Ki Arsantaka nggujengi Ki Demang jalipura. Amarga kaget kaliyan swarane Ki Arsantaka dheweke banjur terjun ing Bendungan kali Wadas Payung ingkang dejenengi Kedung Blabak. Ki Arsantaka ndherek terjun ing bendungan nyusul Ki Demang Jalipura. Wonten mriku gelute kedadeyan pendhekar kekalihe punika. Ki Demang Jalipura maljeng lan manjhat ing wit lo, deoyak ngantos ketangkep. Ki Demang Jalipura saged udhar saking dcekelanupin Ki Arsantaka. Pendhekar keklihe padha sami udag-udagan sahingga ngantos saniki tempat menika dejenengi desa Dagan.
Pendhekar kekalihe mlajeng mboten ngagem arah. Ki Demang Jalipura umpetan ing mata air dandang uatawi Tuk Dandang. Ki Arsantaka nyusul Ki Demang Jalipura lan mlajeng ngidul marang mata air Ares utawi Tuk Ares. Ki Demang Jalipura miring wonten tiyang saweg numbuk pari ngagem lesung lan Ki Demang Jalipura nyedhaki marang tempat menika. Kangge ngapusi lan nglabuhi Ki Arsantaka, Ki Demang Jalipura nyamar dados penumbuk pari punika.
Ki Demang Jalipura ngagem bahan lan ndherek numbek pari punika. Nanging Ki Demang Jalipura saweg apes. Ki Arsantaka ngertos penyamare Ki Demang Jalipura lan banjur nerjang badhe nangkep ngantos lesung ingkang deengge kangge numbuk pari punika padha ngguling utawi ngglempang. Amarga punika tempat punika dejenengi Dukuh Glempang. Pendhekar kekalihe mlajeng ngantos pesawahan. Ing blok sawah ingkang sitine gembur utawi busung pendhekar kekalih duel ngantos luka parah.
Ki Demang Jalipura mlajeng marang mata air kepundung utawi Tuk Kepungung gina nyeka lukane ingkang parah wau. Semana uga Ki Arsantaka lan deterusaken gelut ngantos Ki demang jalipura menika sedha. Ki Demang Jalipura rumangsa seneng amarga saged ngalahaken Ki Arsantaka.
Ki Demang Jalipura balik menyang daleme Ni Rantansari lan nglamar Ni Rantansari. Nanging Ni Rantansari nolak amarga Ki Demang Jalipura sampun mateni Ki Arsantaka. Ni Rantansari ngucapaken wadat ing ngajenge Ki Demang Jalipura menawi salah satunggale pendhekar punika wonten ingkang sedha. Ni Rantansari bakal dados prawan tuwa selawase urip ngantos sedha.
Ki Demang Jalipura mboten ngira bakal kados niku kedadeyane. Ki Demang Jalipura pungkasane nglalekake Ni Rantansari. Ki Demang Jalipura budhal maneh kangge ngembara. Ki Demang Jalipura ngantos ing tempat ingkang biyen nggih sampun nate deampiri yaiku daleme Ni Kardem. Ki Demang Jalipura banjur krama kaliyan Ni Kardem.