Selamat Datang

Senin, 25 Agustus 2014

Novel Jawa

Kunarpa Tan Bisa Kandha
Dening Suparto Brata
 Jam enem esuk Handaka anjlog metu saka bis Mila Yogya-Banyuwangi ing Terminal Jati, Probolinggo. Urip iki pancen aneh. Wis pirang taun dheweke ora ngambah kutha iki? Limalas taun kepungkur! La kok, dina iki, ora kanyana ora kinira, mbukak dina ing Kutha Anggur iki! Dheweke saiki ya mung cepet-cepet eling priye wangune kutha. Lurung Suroyo, rumangsane biyen kok ing tengah kutha. Kuthane simetris, kanthi dalan ing ngarep stasiun sepur minangka pancere.
Mau bengi watara jam sepuluh diinterlokal Sulun Prabu. “Dhimas Handaka? Aku Sulun, Probolinggo. Anu, Dhimas, ngaturi pirsa, Jeng Tri Seda. Ketiwasan, iki mau watara jam sanga-setengah sepuluh. Iya, iya, garwaku, Trianah. Anu Dhimas, apa sliramu bisa rawuh nglayat? Iya, bengi iki. Ana bab sing perlu dakaturake. Perlokna, ya, Dhimas! Pancen ana sing nyalawadi, nanging ora bisa dakaturake ing kene! Tenan, Dhimas, ya, perlokna. Aku dakngabari famili liyane!”
Sulun Prabu, Probolinggo! Kanca nalika isih padha sekolah ing SMPN II, Jalan Kapanjen Surabaya, padha main hoki melu perkumpulan hoki Perhopi sing diedegake dening wartawan perang Walanda, Letnan van Grinsven. Terus, limalas taun kepungkur, nalika wis padha dadi wong tuwa lan cekel gawe dhewe-dhewe, Handaka jip-jipan sakanca menyang Bromo, mampir nginep ing omahe Sulun Prabu. Omahe gedhe, bangunan kuna ing pinggir lurung amba pisan. Bar kuwi ora tau srawung maneh. Kok saiki mara-mara ngabari garwane seda, Handaka dikon nglayat! Sedane tiwas, nyalawadi. Mulane merlokake nekakake Handaka, kang profesine detektip. Handaka isih eling, Nyonya Sulun, Trianah, kuwi ayu tenan.
Handaka nggagas cepet, tumindak cepet. Tanpa mikir sesuk utawa emben ana rencana apa, dheweke gage nglebokake sandhangan sacukupe ing tas travel, terus nyengklak becak menyang terminal. Milih bis Mila Sejahtera sing rutene Yogya-Banyuwangi langsung. Lan esuk iki, Handaka nganyaki uripe ing Kutha Probolinggo sing tau didlajahi ing sajrone sedina limalas taun kepungkur.
Ora salah, omahe Sulun Prabu pancet ing tengah kutha kaya biyen. Nalika Handaka mudhun becak, kahanane isih repet-repet, nanging omahe Sulun Prabu sing gedhe magrong-magrong, latare jembar kuwi wis bukakan, ing ngarep ditatani kursi la nana wong sing padha jagongan kemit.
“Wah, Dhimas Handaka! Matur nuwun rawuhe! Mangga, mangga, pinarak. Ayo, Dhimas, pinarak ing njero wae! Embuh sliramu kesel apa ora, aku perlu lapur cepet-cepet supaya sliramu enggal ngauningani kena apa aku karaya-raya nyuwun rawuhmu. Sayang kok ora sekaliyan! Putra-putra barang rak slamet kabeh, ta? Syukur! Mangga terus menyang ruwang tengah. Lha iki, ta, jisime mbakyumu, wis kelupuran. Yen esuk iki sing Jakarta barang wis rawuh, karepku dakpetak awan mengko jam siji. Ing Makam Sentana kono wae, kok.”
Sulun Prabu grapyak, semanak, tata teteh. Sanajan lagi wae kelangan garwa, sajake penggalihe mantep, pikiran tetep padhang. Sulun Prabu, pancen wiwit dadi kanca rake ting Perhopi biyen, pikirane wis tumuwa, nduweni prinsip urip kang diugemi kanthi kukuh. Biyen yen undang-undang njangkar wae. Mung marang Sulun Prabu kanca-kanca yen ngundang “Embah”, saking tumuwane. Saiki Sulun Prabu ngundang Handaka-bareng wis padha dadi wong tuwa-nganggo Sanajan Probolinggo padununge tuture diparo loro, basa Jawa lan Madura, nanging Sulun Prabu marang Handaka omonge nganggo basa Jawa cara Jogja-Solo kang kaudi tenan, mula ngundang Handaka ya diater-ateri tembung ‘dhimas’ barang. Isih akeh banget priyayi asal Probolinggo sing nuhoni basa Jawa Mataraman kaya Sulun Prabu kuwi. Handaka ora gumun.
Sawise raup lan ngombe kopi, Handaka bali lungguhan ing ruwang tengah, ngadhem jisim, ditemoni ijen dening Sulun Prabu.
“Kok ana buket…, kembang apik timen. Pantese rak dianggo pesta!” ujare Handaka nyawang ruwangan. Ana buket ing ndhuwur kulkas, jelas isih katon anyar.
“La iya kuwi, Dhimas! Wingi sore ngono rekane kene iki rak pesta. Pesta tanggap warsane Pipin, anakku mbarep, umur seprapat abad. Legi regenge pesta, watara jam wolu, bubar padha dhaharan, mbakyumu njelih ing jedhing. Ora watara suwe Solikhah, abdiku, bengok-bengok saka pawon, ngonangi mbakyumu tiba krungkep ing jedhing. Na, dadi oyong-oyongan. Bathuk benjut ketatap lingire kolah. Dakundangke dhokter barang. Dhokter Wandi, dhokter perusahaanku biyen, nyuntik supaya anteng. Jare mengko yen ora mutah, Insya Allah ora pa-pa, ora perlu digawa menyang rumah sakit. Sawatara nyonya turu angler, utawa ora eling marga dayane obat suntik. Bocah-bocah nutugake pesta.”
“Nalika krungkep ing jedhing apa ora enget?”
“Iya. Semaput. Digotong menyang kamar ora ngerti. Sadurunge dhokter teka eling, mung adhuh-adhuh thok, ora omong apa-apa. Adhuh-adhuh karo gereng-gereng kelaran. Mula banjur disuntik, ben meneng anteng.”
“Sawise sare angler, apa ditinggal ijen ing kamar?”
“Ora. Dhisike ditunggoni. Wong pestane wong nom-noman, dhayohe ora ana sing tuwa sababag karo aku, dadi ya luwung aku nunggoni Jeng Tri. Sawatara kuwi ya uga ditiliki bocah-bocah sing padha pesta, sanajan mung tilik nginguk. Mung aku sing ajeg nunggoni. Katone turune angler. Ambegane sentik-sentik. Kayane wis ora pa-pa. Wayah jam sanga, aku nginguk warta Dunia Dalam Berita, acara TVRI sing paling daksenengi. Rampung berita olahraga, ngarepake Siaran Khusus, aku bali menyang kamar. Posisi turune ora owah, mlumah, nanging dhadhane kok ora sentik-sentik maneh. Wis tiwas! Wa, la ya geger! Pestane Pipin bubar, malih dadi layatan. Dhokter Wandi dakaturi maneh, ya rada kaget. Ora ngira babar pisan yen menyonyone bathuk kuwi njalari patine nyonyaku. Mula dheweke mrayogakake arep ngotopsi ragane Jeng Tri, apa bener kang njalari tiwase kuwi marga kebentuse bathuk. Manut Dhokter Wandi, yen pancen gegar otak, mesthine muntah barang dhisik. Lha iki kok ora!”
“La, kena apa kok ora diotopsi?”
“La, diotopsi kuwi rak dibedah, ta, Dhimas? Mung saperlu nglacak bener orane yen njalari tiwas kuwi benjute. Nanging Jeng Tri rak ora bisa urip maneh? Rak iya muspra ngono. Banjur dakputus wae yen aku wis trima, yen tiwase Jeng Tri kuwi merga tekanan darah tinggine kumat nalika kacilakan kuwi. Ora marga klirune pangrumate dhokter. Dhokter Wandi ya banjur manut apa karepku.”
“La kok, banjur interlokal aku?”
“Yakuwi, Dhimas. Saungkure Dhokter Wandi, aku miwiti dhaftar famili sing kudu dakinterlokal. Jakarta, kamase mbakyumu. Semarang, Mohamad Sadham, adhikku. Bandhung, Mas Hamdan, kangmasku. Apa sig digumunake Dhokter Wandi ndadak dadi ati. Iya ya, kena apa aku ndadak dora karo Dhokter Wandi? Sanajan watake Jeng Tri kuwi keras, kerep nesu lan srengen, omonge banter, nanging ora darah tinggi. Malah darah rendah. Mesthine ora tiwas marga tekanan darahe. Dene Dhokter Wandi maido yen jalarane merga gegar otak, wong benjute ora sepiraa. Merga apa? Nyut, aku banjur kelingan sliramu, Dhimas. Detektip Handaka, rak wis kondhang, ta! Dakgoleki karpekanku, kok adhakan banget ketemu cathetan alamat telponmu. Terus wae dakcoba muter kuwi, kok pas!”
“Saka endi oleh alamat lan nomer telponku?”
“La, kapan kae, Jedhul rak undang-undang ngiras reuni Perhopi nyang Pabrik Kedawung kono. Akeh lo, sing teka. Anang, Hartono kipper, Iskandar, Susamar, Wimbadi. Saka Probolinggo kene aku karo Suyono, dhek samana Suyono dadi kepala kantor pos kene. Saiki wis pensiyun, manggon ing Lawang. Sing teka padha tukar alamat. La, nalika kuwi aku oleh alamatmu. Dakcathet kabeh ing krepekanku, kok ora ilang. Kok cepet banget, malahan, bareng dakperlokakake.”
“Dadi cekake, Panjenengan ki ya melu sujana yen sedane Mbakyu Tri ora marga mustakane kebentus linger kolah?”
“Iya, ngono, Dhimas! Malah aku ngira, anggone tiba ing kolah-wong nganggo jerit-jerit barang dhisik-ora ijen, nanging ana wong liya. Ana sing njungkrakake utawa sing nggujer. Wong mbakyumu isih nganggo kebayak lan gelungan apik kadidene wong waras-wiris dadi nyonya rumahe sing ngadani pesta.”
“La kok, ora telpon polisi wae kon ngurusi?”
“Pancen. Liwat Dhokter Wandi ya bisa. Liwat polisi ya kena. Nanging rak terus gawe geger, iya ta? Geger yen mbakyumu tiwas marga diprejaya wong. Jenenge keluwargaku cemer yen bener kuwi rajapati, lan sapa sing mrejaya during karuwan kecekel. Aku emoh kaya mengkono kuwi. Ya marga mung graitaku sing sujana, karepku layon bisa kapetak kanthi tentrem, nanging urusan ditliti, sedidheman wae, Dhimas. Aku mung kepengin ngerti, apa patine Jeng Tri iki wajar, apa dipitenah uwong! Upama graitaku kuwi bener, mesthine sliramu kadidene detektip bsa aweh dudutan, malah bisa uga bisa mathak sapa durjanane.”
Handaka manglungake awak, swarane bisik-bisik, “Yen nganti aku ora oleh titikan bab kadurjanan iki, kepriye?”
“Ya ora pa-pa, ta! Ya tetep ndadekake legane atiku, yen mengkono. Pawartane ora nganti ngambra-ambra. Namaku ora cemer. Nanging, dakaturi nylidhiki mbokmenawa ketemu wewadine. Kanthi sesidheman wae. Mung dienggo nglegakake atiku. Upama ana durjanane, sapa? Terus terang wae, yen durjanane keluwargaku-mligine anak-anakku-ya mung aku nyuwun jlentrehe analisismu. Yen durjanane anak-anakku, bisa uga ora dakwedharake marang umum. Nanging, aku wis genah ngerti sapa wonge, sapa uteke.”
Handaka manggut, nyruput kopine. “La, upamane durjanane calon mantu?”
“Calon mantu, rak isih keluwarga. Isih calon kok wis wani mengkono, ya dipatrapi paukuman wae, sisan. Sing dakrengkuh tenan mung putraku telu kuwi wae, lo, sing tunggal saomah kene! Rak ora abot, ta, nyembadani panyuwunku ngono kuwi?”
Handaka nyelehake cangkir kopi karo manthuk, paham lan akur. Dheweke mantep arep nglakoni apa karepe kancane-tuwan rumah-wong wis kadhung tekan kene, sumbut karo gemregahe budhal mau bengi.
“Sajake Panjenengan kraos durjanane mung antarkeluwarga dhewe, ya?”
“Hekeh. Marga keluwargaku kari-kari iki pancen kisruh. Anak karo ibu gesrekan wae. Aku ora kuwasa tandang, wong mbakyumu ki keras banget watake. Sing wani nantang ya anak-anake kuwi! Yen aku mono, tansah nglumuhi kersane mbakyumu.”
“Lo, Panjenengan ki biyen katone rak teges, urip nganggo prinsip. Saiki kok awak katon luwih tuwa, nanging jiwa dadi moyang-mayong.”
“La iya, Dhimas, karepku ki ya tresna bojo. Daklumuhi, ben ora crah. Pranyata nguripi keluwarga kuwi ya ana senine! Ora angger rukun ki penak!”
“Rak durung akeh barang utawa panggonan kang owah ing kamar kacilakan?”
“Mau ya diicak-icak uwong akeh. La kunarpane mbakyumu digotong, dilupuri pindhah kene. Nanging, wiwit sliramu sanggup teka, kamar daktutup, dakjaga aja nganti ana sing mlebu mrana. Ayo, dipirsani apa priye? Apa sliramu arep ngaso dhisik? Kae, kamar mburi kae wis dakkothongi. Kamare Pipin. Iki mau bocahe wis dakkon pindhah kumpul adhik-adhike ing kamar ngarep. Kamar mburi dakenggo tamu-tamu saka luwar kota. Mangga, yen arep ngaso dhisik.”
Handaka nyalap tase ing kamar mburi. Kamare bocah wadon, ya resik. Nanging, bubar nyalap tas, Handaka njaluk diterke menyang kamare kepala somahm sing saiki ditutup, aja nganti diicak-icak wong akeh dhisik. Prenahe luwih mburi maneh. Kamare luwih amba, lawange lan jendhelane modhel kupu-kupu. Jan bangunan kuna tenan. Jendhelane kaca bening, ing njaba wates sak dhuwure mripat ditutupi kordhen. Kordhen sanjabane kaca bening ora nutup rapet, ana sing nyilak munggah, nganti padhange srengenge njaban kamar bisa katon tembus saka njero omah. Grendhele kuna, puteran ing tengah, ngancinge munggah lan mudhun. Papane jendhela ing pojok kamar, dadi rada kiwa.
“Jendhela iki mau bengi apa ana sing mbukak, Mas?” pitakone Handaka.
“Ora, wong sing rame mung sakupenge tempat tidhur, terus digotong metu.”
“La iki, grendhele kok lepas? Mung ora kebukak, wong dipantek ya?”
“O, kuwi mesthi Solikah, wingi ngresiki kamar mbukak jendhela lali nutup. Wis dakkandhani lo, yen jendhela kuwi ora bisa dibukak, paten. La wong angine gedhe, lo. Dhimas, dadi jendhela iki tetep daktutup. Jeng Tri kuwi penyakite rak darah rendah, ora wani kena angin. Ditutup ngono, ora semribit ngangini Jeng Tri. Ganti-gumantine hawa cukup liwat ventilasi. Ngono wae bleduge pol. Esuk disaponi, awan wis kena ditulisi!” kandha ngono Sulun Prabu karo arep nutup muter grendhel jendhela.
“Kosik, Mas. Nanging mau bengi, nalika wong-wong ibut ngurusi Mbakyu Tri, Panjenengan ora nyetitekake, apa salah deleng, ana wong lanang sing nyedhaki jendhela iki?”
“Wah, ora ki. Kena apa, ta?”
“Mau bengi ana sing nyoba mbukak jendhela iki. Dudu Solikah, wong Solikah wis ngerti yen jendhela iki ora kena dibukak. Karo dene sing mbukak kira-kira wong lanang. Wonge nganggo sepatu kets gedhe. Kuwi tlacake. Sajake wonge mentas liwat blethokan. Tlacakan teles, bareng garing ngecap ing jobin. Manut tlacake mbeset-mbeset ngene, wong mau ketone kesusu. Mbukak jendhela ora bisa, banjur lunga age-age. Kesusu.”
“Wong lanang, ya, Dhimas? Nganggo sepatu kets?”
“Iya, Mas. Aku wae mengko sing takon-takon. Panjenengan aja tumindak sing nyujanani. Panjenengan kudu ethok-ethok ora duwe penggalih apa-apa bab sedane mbakyu. Sapa sing tau nyoba mbukak jendhela iki, sapa sing nganggo sepatu kets, kuwi kabeh mengko aku sing ngurus. Panjenengan aja melu takon-takon nlesih.”
“Ngono, ya? Mupakat, aku!”
bubar nyetitakake jendhela, Handaka nyetitakake barang-barang liyane. Ana tempat tidhur siji, model kuna-cara Salane disebut kanthil. Ana meja dandan nganggo kaca pengilon gedhe ing pojokan liyane sing dudu papane jendhela. Terus lemari uga ukurane gedhe ing cedhake. Canthelan klambi uga ing sisih kono.
“Mau bengi saka jedhing digotong mrene. Disuntik dhokter barang ya ana kene. Aku ngunggoni nggeret kursi pup iki.”
“Wah, suwasanane kaya kamar penganten wae, ya, Mas. La kuwi, bantale nganti papat, gulinge mung siji. Gulinge rak dienggo royokan!”
“Lo, guling iki dakenggo amping-amping kene, ben mbakyumu ora tiba.”
“Bantale papat ya ditumpuk loro-loro ngono?”
“Wektu aku nunggoni, bantal bageanku dakpangku siji, dakenggo tuwak sikut sanggawang.”
“La, nalika Dunia Dalam Berita, bantale ya diasta mirsani TV?”
“Ora. Daksalap dienggo amping-amping sisih kana. Daktata mepet awak, ben ra ngglundhung.”
“Nalika Panjenengan bali saka mirsani TV, bantal lan guling kuwi kahanane ya ora owah?”
“Ya ora owah. Heh, sik, anu, kelingan aku. Bantal ganjele sikut sanggawangku sing dakenggo amping-amping awake mbakyumu ora ana kono maneh. Pindhah rada ndhuwur, meh tumpukan karo sing kana, tunggale bantal liyane. Iya, aku ora nyetitekake kuwi! Ah, sliramu kudu maklum, Dhimas. Wong dhisike sentik-sentik ambegane kok banjur ora! Aku bingung!”
Handaka manggut.
“Putrane sing tanggap warsa rak sing mbarep? Durung ana sing duwe?”
Sulun Prabu ambegan dawa dhisik. “Bocah wadon wis selawe taun umure, katone isih wegah omah-omah! Sarjana hokum kuwi apa sing marahi, sajake milang-miling calon bojo sing sabandhing karo ilmune sing direngkuh. Lan ing kutha cilik kaya Probolinggo iki ora akeh sing madhani karo kreteriane. Sajake mengkono. Saiki dheweke nyambut gawe neng Komputer Dhika, perusahaan kursus computer ing Jalan Moh. Saleh kana. Perusahaan swasta Ya lumayan, tetep cedhak karo wongtuwane, ngono wae, tinimbang nganggur utawa onclang oleh penggawean ing kutha liya. Jane ya ora cocog karo studine. Golek gawean sing tepak ya rekasa. Kuwi wae wis nganggur setaun neng ngomah kene sawise nyekal gelar Sarjana Hukum.”
“Kok wegah omah-omah kepriye? Nanging wis duwe pasangan?”
“Kersane ibune dijodhohake karo Marong, putrane pensiyunan Camat Jrebeng. Marong dhewe saiki wis dadi pemborong cilik-cilikan. Dhek aku isih nyekel proyek, karep dakwenehi borongan lan dadi akrape karo keluwarga kene.”
“Nanging, putrane sing mbarep, sapa jenenge, Pipin, emoh, ngono apa priye?”
“Lo, tunangan wis diresmekake. Tegese, wong tuwa wis padha rembugan, bocah wis padha digathukake. Nanging embuh, kok arang-arang srawung kumpul,wong loro kuwi.”
“Mau bengi Marong ya teka mrene?”
“Iya. Ya diundang, sanajan pestane mung climen wae!”
“Jane ya apik, ya. Nanging kena apa, ta, anggone tunangan kok dikersakake dening ibune? Ora golek utawa nemu dhewe?" “
“La, witekna priye, Dhimas. Mbarep iki umure wis cukup, nanging isih durung duwe sirsiran sing mantep. Mangka adhike, Riris, wis ana sing nembung. Riris geger njaluk enggal dinikahake karo kancane tunggal sak kantor Pemda-Drs. Risang-marga anggone sesrawungan wis kebacut kelet nemen! Ibune kipa-kipa, nulak. Yen penjaluke Riris dituruti, tegese rak mlangkahi mbakyune.”
“Mlangkahi jane rak ya ora pa-pa, ta? Apa maneh mbakyune rila lan wis duwe tunangan!”
“Mbakyune meneng wae. Nalika samana tunangan during duwe. Mula terus enggal digolekake, entuk Marong kuwi!”
“Putra Panjenengan ki pira, ta, Mas?” Kandha ngono Handaka karo njaluk ngajak metu saka kamar.
“Wedok telu kabeh! Ee, kuwalik. Telu, wedok kabeh! Repot, duwe anak wedok-wedok thok, ki!”
“Ya ora usah digawe repot, ta, Mas. Wong saben bocah nggawa rejeki dhewe-dhewe. Ora-ora, yen sing mbarep ora payu! Mung ketemune jodhone isih diolor!”
“Sakjane yaw is ana, pilihane dhewe! Malah kenal wiwit sekolah ana SD, SMP nganti SMA, kekancan raket. Mung ibune ora setuju, nulak mutlak. Cekake emoh yen duwe mantu Eram. Yen nekad arep disebratake, emoh ngaku anak. Didongake elek!”
“Lo, lo, lo! La kena apa, ta, Mas? Apa bocah lanange pincang, apa cacad liyane? Pincanga pisan kae yen bocah wadone wis gelem, rak ya ora pa-pa, ta?!”
“Hem! Ya, embuh, Dhimas! Eram mono nggantheng wonge. Wong putrane Ir. Prambudi.”
“Nah, gene wong sing bibite apik!”
“Lo, apa sliramu wis kenal!”
“Durung! Nanging, ndeleng asmane lan tittele-Ir. Pambudi-mesthine rak wong keluwarga becik-becik.”
“Lo, Eram dhewe saiki yaw is insinyur sipil, wis nyambut gawe ing PU Jember.”
“La, bobot lan bebete ya apik. Kena apa kok ditampik Mbakyu Tri?”
“Marga Ir. Pambudi kuwi biyen gegantilane ati mbakyumu. Mblenjani janji! Ora krama karo Jeng Tri, nanging krama karo kanca rakete Jeng Tri. Ah, wong wadon ki sentimentil banget, kok. Srawunge dadi wagu!”
“Oo! Dakkira anggone natoni ati ya bingget banget, nyatane nganti turun tekan njodhokake ana wae ditulak! Kira-kira kuwatir yen anakke ya cidra kaya bapake! Mesthi wae Mbakyu Tri emoh kelangan rai sing kaping pindhone!”
Wong loro bali lungguh maneh ing ruwang tengah, sila, ngadhep kunarpa.
“Iki omah kuna. Nyewa, Mas?”
“Omah tinggalane maratuwa. Gaweane arsitek Landa, Dhimas, tauh 1938. Dipundhut ramane Jeng Tri dhek jaman mardika anyaran. Putrane mung loro, Jeng Tri karo kangmase, Mas Dwika, saiki melu usaha real estate ing Jakarta. Embuh, mau bengi dakinterlokal, kok tindakan durung kondur. Marga Mas Dwika wis kagungan dalem dhewe, aku dikon mbayar separo rega omah iki. Dadi wis dadi duwekku. Lan dakenggoni wiwit aku manten anyar. Nanging, dakbayar lunas ya lagek limang taun kepungkur, nalika tantiyem saka penggaweanku akeh. Upama ora ana rejeki tantiyem nomplok ngono, ya ora kuwt nglunasi omah iki.”
“Tantiyem ki apa, ta?”
“Bonus jasa prodhuksi. Marga taun kuwi pabrikku oleh kauntungan kang lumayan, para karyawane tertemtu oleh bonus jasa prodhuksi kuwi mau.”
“Akeh, Mas, olehe?”
“Taun samana, wong klebu rapelan taun-taun sadurunge barang, tantiyeme cukup lumayan. Aku oleh selawe yuta rupiah.”
“Selawe yuta rupiah? Wadhuh, akeh banget! Mangka nalika samana durung pensiyun, ya? Taun tutuge bisa oleh samono maneh?”
“Mula banjur wae daklunasi cicilan omah iki marang Mas Dwika. Saiki omah iki wis dadi duwekku, sertifikate yaw is dakurus pisan, atas namaku.”
“Panjenengan ki biyen rak ngasta neng pabrik gula, ta? Aku kelingan nalika mrene biyen-nginep kene karo kanca-kanca—Panjenengan ora bisa tansah nemoni marga kudu lunga menyang pabrik sing papane luwar kutha. iya, ta?”
“Pabrik Gula Gending. Ir. Pambudi ing Pabrik Gula Sebaung. Dadi, mbakyumu kuwi wurung oleh masinise pabrik gula, antuk kepala administrasine pabrik gula. Nanging, wis  nem taun kepungkur aku ditarik nyang kantoran. Nyang PTP XXIV-XXV kene. Setaun kepungkur pensiyun.”
“Sajege kuwi ya manggon ing omah kene terus, ya?”
“Ora tau pindhah! Malah mbakyumu kuwi tuwuk, wiwit lair tumekane seda, ya manggon ing omah kene! Elok, ya, wong jaman saiki kok ngenggoni omah ora tau pindhah salawase urip!”
“Ah, nanging yen omahe gedhene samene, ya kena apa arep pindhah?”
***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar