Selamat Datang

Senin, 25 Agustus 2014

SESORAH "ATUR PAMBAGYA SAKING KULAWARGA"

Bismillahir rahmanir rahiim,
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Lumintuning sih wilasa dalem Allah SWT mugi tansah tumanduk dhumateng sedaya kawulanipun.
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para priyagung kakung miwah putri ingkang tuhu sinudarsana. Para rawuh ingkang minulya.
Langkung rumiyin keparenga kula ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT Ingkang  tansah paring kawilujengan, katentreman, kasarasan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Para lenggah ingkang minulya,
Kula ingkang kapiji minangka wakiling kulawarga Bpk Sutrisno sekaliyan, ngaturaken kasugengan, saha matur sanget agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sami.
Salajengipun sumangga keparenga lenggah kanthi prayogi sarta paring puji pangastuti, mugi-mugi para temanten sarimbit tansah pinayungan rahmating Allah SWT, raharja, bagya mulya salami-laminipun.
Bpk Sutrisno Sekaliyan nyuwun pangaksami mbok bilih panampining rawuh panjenengan sami kirang gupuh, saha anggenipun nyawisaken papan tuwin palenggahan kirang ndadosaken renaning penggalih lan mbok bilih ing samangke anggenipun atur saha caos pasugatan mboten nuju prana, lumadosing pasugatan kirang trapsila, mawantu-wantu panyuwunipun Bpk Sutrisno sekaliyan, keparenga panjenengan sedaya paring lumunturing pangaksami kanthi lilaleganing penggalih.
Mboten supe Bpk saha Ibu Sutrisno ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit saking sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya ingkang awujud punapa kemawon. Mugi amal kesaenan panjenengan sami pikantuk pinwales ganjaran ingkang matikel-tikel saking ngarsa dalem Allah SWT.
Bpk Sutrisno sekaliyan ugi nglenggana bilih kaleksananing sedaya saged ngawontenaken pahargyan prasaja palenggahan punika, awit saking panyengkuyung saha pambiyantunipun sanak sedherek, tanggi tepalih saha warinem kukuban RT 03 / RW 04 kampung Katerban ingkang sampun sami nawung kridha wiwit saderengipun tumapaking pahargyan.
Pramila, kejawi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, Bpk Sutrisno sekaliyan namung saged memuji, mugi kesaenan panjenengan sedaya pikantuk ganjaran ingkang sakmurwatipun.
Mekaten atur kula minangka wakiling kulawarga, mbok bilih kathah sisipipun, saha wonten tindak-tanduk ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun,
Wasalamu’alaikum wr. Wb.
                                                            Kapetik saking ; tuladha prasaja dening Muh.Muslich H.S

2 komentar: