Selamat Datang

Senin, 25 Agustus 2014

Materi SESORAH

Sesorah utawa pidhato iku sawijining kaprigelan micara.
Sesorah utawa pidhato iku ancase ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, kanthi ancas utawa tujuan tinamtu. Ancase pidhato iku werna-werna, kayata menehi panglipur, menehi kawruh, apa dene ajak-ajak. Mula, kanthi nyinau sesorah, kita bisa sinau babagan ngandharake panemu utawa gagasan ing sangarepe wong akaeh kanthi maneka warna tujuan, kita uga bisa sinau kawruh tembung, unggah-ungguh, lan nggladhi rasa percaya dhiri
Sesorah yaiku ngomong ana ing sangarepe wong akeh. Gamblange wedharing pangandikan nduweni tujuan kang gumathok. Sing diarani wong akeh iku ora ana watese. Udakara luwih saka wong sepuluh. Tujuan/ancase pidhato/sesorah yaiku :
1. Kanggo maringi pangertosan/informasi marang wong liya sing ngrungokake pidhato/sesorah
2. Kanggo maringi panglipur/hiburan marang wong liya sing ngrungokake sesorah 

1. Perangane sesorah
a. Salam pambuka, yaiku ngaturake salam sing sepisan. Lumrahe nggunakake tembung Assalamu’alaikumWr.Wb liyane kuei nggunaake tembung kula nuwun.
b. Purwaka, yaiku atur panueun dhumateng para tamu lan ngaturae atur  syukur marang Gusti kang maha Agung.
c.   Isi, yaiku kabeh perkara kang diwedharake. Isi kudu diwedharake kanthi cetha.
d.  Wigati/dudutan/kesimpulane, yaiku inti saka isi kang wis diwedharake.
e.  Pangajeng-ajeng/pangarep-arep, yaiku pituduh-pituduh lan pangarep-arep sing diwedharake marang wong kang ngrungokake.
f. Wusana, yaiku atur panuwun lan nyuwun ngapura, Manawa ana kekurangane, ana kaluputan.
g. Salam panutup, yaiku ngaturake salam kanggo mungkasi sesorah. Manawa agama islam lumrahe Wassalmu’alaikum Wr.Wb. sakliyane iku matur nuwun


2. Carane sesorah iku ana patang werna yaiku :

Ø  Kanthi maca sakwutuhe
Yaiku kanthi maca apa anane sesorah kang tinulis, cara iki lumrahe ditindakake dening punggawa Negara. Kejaba isine kudu bias disengganan, layange prelu disimpen (diarsipkan). Cara iku kudu uga sook ditindakake wong kang nyulihi wong liya. Marga kepalang pakaryan kang ora bias ditingggal, wong kajibah banjur nimbali wong liya. Ewa semana, underaning gagasan dititipake lumantar sesorah kang tinulis. Wong kajibah nyulihi mung saderma macakake sesorah iku. Mula yen ana apa-apane, kang kenea ing sesanggane 9tanggung jawab) iku sing nulis.
Ø  Kanthi maca apalan
Yaiku nglantarake sesorah kanthi ngapalake laying sesorah kang tinulis.
Sesorah iki lumrahe katindhakake dening pawongan kang durung kulina, luwih-luwih kang isih gladhen. Awit isining laying sesorah ora kena ecer, mula wong sing nglantarake kudu bias ngenerake pikirane marang isining sesorah lan ora kena lalen
Ø  Kanthi pandom lajer
Yaiku nglantarake sesorah kanthi pandom lajering kang prelu diwedharake. Lajering gagasan cukup ditulis jroning sacuwilan kertas kaya dene “kretu nama”. Cara iki adate katindhakake dening wong kang wis kulina lan jembar kawruhe.
Ø  Kanthi cara dadakan
        Adate sesorah iki katindhakake wong kang kasraya kanthi dadakan ing sawijining acara. Amrih cetha tumrape wong kang ngrungokake, yen nglantarake sesorah kudu ggatekake pocapan (lafal), lagune, sora-alone,lan pamedhote ukarane.


3. Nulis sesorah mono kudu nggatekake bab-bab antarane kaya ing ngisor iki

a. Isine bisa nalar, nyata lan bener.
b. Basa kang digunakake kudu trep karo unggah-ungguh, nggnggo ejaan kang bener lan paramasastrane kudu bener.
c. Perangane sesorah kudu jangkep kaya sing wis digawe ing cengkorongan.
d. Ukarane prasaja, ringkes lan mentes, ora rowa lan ngambrah-ambrah.
e. Anggone medharake bisa runtut lan gamblang.
f. Menawa wis dadi, naskah sesorah iku dibesut luwih dhisik, supaya menawa ana sing luput bisa dibenerake.

1 komentar:

  1. Review of the Best Online Casinos in the UK | Lucky Club
    Find out everything you need to know about the top online casinos in the UK. The top rated online casinos available at luckyclub.live Lucky Club ✓ Great bonuses.

    BalasHapus