Selamat Datang

Jumat, 28 Maret 2014

WIDYA TEMBUNG



Widya tembung punika ngelmu ingkang nyinau bab tembung (morfologi). Tembung punika rerangkening swanten ingkang kawedhar lumantar tutuk ingkang ngemu teges lan kasumurupan suraosipun.
1.    Wujud Tembung (Bentuk Kata)
a.    Tembung Lingga (kata dasar), tembung ingkang durung owah saka asalipun utawa dereng angsal imbuhan. Tuladha Pati, dus, doh, ton, pangan, lsp.
b.    Tembung Andhahan (kata jadian), tembung kang sampun owah saka asline, tembung andhahan kadadeyan saka tembung lingga kang entuk ater-ater, seselan, panambang utawi rinangkep.
Imbuhan (afiks), wonten sekawan (4) inggih punika :
1)   Ater-ater (awalan), imbuhan kang mapan sangarepe tembung lingga.
Ater-ater kaperang dadi:
1)   Ater – ater anuswara ; an- (n-), am- (m-), ang- (ng-), any- (ny-) ;
o  An- + deleng _ andeleng utawi ndeleng
o  Am- + balang _ ambalang utawi mbalang
o  Ang- + gawa _ anggawa utawi nggawa
o  Any- + sapu _ anyapu utawi nyapu
2)   Ater – ater Tri Purusa ;
o  Dak-, Kok-, Di- ;
o  Dak- + pangan _ dakpangan (takpangan).
o  Kok- + gawa _ kokgawa (mbokgawa).
o  Di- + luru _ diluru
3)   Ater – ater sanèsipun ; a-, ma-, ka-, sa-, pra-, pa-, kuma-, kapi-,

o  A- + dus _ adus
o  Ma- + gawé _ magawé
o  Ka- + telu _ katelu
o  Sa- + iket _ saiket
o  Pra- + setya _ prasetya
o  Pa- + temu _ panemu
o  Kuma- + wani _ kumawani
o  Kapi- + tuju _ kapinuju

2)   Seselan (sisipan), imbuhan ingkang mapan samadyaning tembung lingga, -in-, -um- ;
o  -in- + tuku _ tinuku
o  -um- + gedhé _ gumedhé
3)   Panambang (akhiran), imbuhan ingkang mapan sakmburine tembung lingga, -a, -an, -ana, -na, -ake, -i, -e, -ku, -mu ;

o  Mugi + -a _ mugia
o  Pati + -an _ paten
o  Tiba + -an _ tiban
o  Tuku + -an _ tukon
o  Loro + -an _ loronan
o  Tiba + -na _ tibakna
o  Tuku + -na _ tukokna

4)   Imbuhan Bebarengan.
a)    Imbuhan bebarengan rumaket
o  Imbuhan ka – - an ------ kabledhosan
o  Imbuhan ke - – en --------- keciliken
o  Imbuhan pa (A) - –an ------papringan
o  Imbuhan pra- -an ----------pradesan
b)   Imbuhan bebarengan renggang.
o  imbuhan A- - lan (Anuswara - -lan) ---nyokoti
o  imbuhan A- -a (anuswara- -a) ------ mbalanga
o  imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake) – mbalamgake
o  imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana) –mbundhelana
o  imbuhan A- -e (Anuswara- -e) mlakune
o  imbuhan di- -lan -------- diwelingi
o  imbuhan di- -a ----------- didhudhaha
o  imbuhan di- -ana ---------- dijotosana
o  imbuhan di- -ake ------- diwalesake
o  imbuhan (-in-) –an/-ake/-ana - ginambaran, sinambungake, ditangisana
o  imbuhan (-um-) –a --------- sumingkira
o  Imbuhan sa- -e --------------- sacilike
c.    Tembung Rangkep (kata ulang), tembung rangkep ana wera loro yaiku kang dumadine sarana ngrangkep linggane utawi wandane. Sejatie tembung rangkep ana telu yaiku:
1)   Tembung Dwilingga yaiku Tembung kang dumadine sarana tembung lingga kang dirangkep.
o  Tembung Dwilingga Wantah ;
Guru + rangkep _ guru – guru
awan + rangkep _ awan - awan
murah + rangkep _ guru – guru
o  Tembung Dwilingga Salin Swara ;
Bali + rangkep _ bola - bali
Tangi + rangkep _ tonga - tangi
Turu + rangkep _ tura - turu
2)   Tembung Dwipurwa, yaiku tembung kang saka pangrangkepe purwane (ngarep) tembung lingga

Tuku + rangkep _ tutuku _ tetuku
Tulung + rangkep _ tutulung _ tetulung
Gaman + rangkep _ gagaman _ gegaman
Pingit + rangkep _ pipingit _ pepingit
Laku + rangkep _ lalaku _ lelaku
Guyu + rangkep _ guguyu _ geguyu

3)   Tembung Dwiwasana, yaiku tembung kang ngrangkep wanda wekasan/ ngrangkep wasananing tembung
Benyik + rangkep _ benyinyik
Penyo + rangkep _ penyonyo
Pathet + rangkep _ pathethet
d.   Tembung Camboran (kata majemuk), yaiku tembung loro nanging tegese siji. Upamane pala kapendhem, tegese sebangsane tela. Iku diarani tembung camboran (kata majemuk). Dadi tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi anyar lan tegese ya melu anyar. Sing dikarepake teges anyar ing kene yaiku tegese tembung mau beda karo tembung nalika isih awujud tembung linggane.
2.    Jinis tembung (jenis Kata)
a.    Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa tandang gawe, upamane mbalang, nendhang, njiwit, nyuwil, lan ngampleng. Tembung kriya uga bia ngemu teges lumakuning kaanan, upamane mecah, mbledos, thukul, kempes, lan njeblug.
Tembung kriya bisa diorakake nganggo tembung ora. Kajaba iku, tembung kriya bisa sumambung karo tembung anggone. Tuladha lunga, turu, mangan, nangis, nggambar, nyilih lsp.
ü Kriya Tanduk (kata kerja aktif), yaiku tembung kriya kang jejere (subjek) dadi paraga. Tembung kuwi diwuwuhi ater-ater (m-, n-, ng- lan ny-). Lan jejer tansah dadi paraga kang nindakake sawijining pakaryan. (upamane : njawil, mlumpat, nulis, nuthuk).
ü Kriya Tanggap (kata kerja pasif), yaiku tembung kriya kang jejere (subjek) dadi sasaran (penderita). Tembung kriya tanggap biasa diwuwuhi ater-ater (di-, ka-, ke- lan seselan -in-).Upamane : dijawil, ditulis, dithuthuk, tinulis, thinuthuk, jinawil).
b.    Tembung aran (kata benda)
Tembung aran yaiku tembung kang mratelake  jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sumambung karo tembung dudu utawa anal an ora bisa sumambung karo tembung ora. Tembung aran uga bisa dilar utawa dijembaral (diperluas) kanthi muwuhake tembung kang+ tembung kaanan utawa kang + tembung kriya ing sisih tengene tembung aran. Tuladha manggis, watu, gunung, dhemit, sapi, kursi, meja, wedhus, bocah, ngelmu, omah, kebo,lsp.
c.    Tembung sifat (kata sifat)
Tembung sifat yaiku tembung kang bisa mratelake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab. Tembung sifat bisa dibedakake dadi loro, yaiku:
ü Tembung watak iku ora bisa owah, upamane drengki, jail, bombongan, lan methithil.
ü Tembung kaanan iku bisa owah kayata mlarat, sugih, sengsara, mulya, beja, lan cilaka.
Tembung sifat bisa sumandhing karo tembung luwih, rada, paling, lan uga bisa sinambung karo tembung banget. Tembung sifat uga bisa dirangkep lan diwuwuhi ater-ater sa- lan panambang –e utawa –ne. Tuladha tembung sifat yaiku ayu, pinter, tuwa, kemproh, tentrem, bunder, bodho, gedhe, sabar, sregep lsp.
d.   Tembung katrangan (kata keterangan),
Tembung katrangan yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat, wilangan lan uga bisa nerangake tembung katrangan. Tuladha arep, isih, dudu, gek, entuk, karep, lagi, lsp. Tembung katrangan ana kang diwuwuhi imbuhan, ana kang dirangkep, la nana uga kang dirangkep lan diwuwuhi imbuhan. Tuladha prayogane, kudune, anggone, meneng-meneng, cepet-cepet, entek-entekan, cilik-cilikan, lsp.
e.    Tembung sesulih (kata ganti orang/ pronominal)
Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang. Tuladha tembung sesulih:
1)   Sesulih Purusa (kata ganti orang)
Tuladha, aku, kula, kawula, kita, kowe, sampeyan, kowe kabeh, panjenengan sedaya, panjenengan, dheweke, dhekne, piyambake, piyambakipun.
2)   Sesulih pandarbe (kata ganti empunya)
Tuladha, dak- (tak-), ko- (kok-).
3)   Sesulih Panuduh (kata ganti penunjuk)
Tuladha iki, iku/kuwi, ika/kae, niki, nika, niku, punika (menika), lan nganu (anu).
f.     Tembung wilangan (kata bilangan)
Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelake gunggunge barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab. Tuladha:
1)   Wilangan Babon/utuh/utama.

0 = enol (das)
1 = siji (eka)
2 = loro (dwi)
3 = telu (tri)
4 = papat (catur)
5 = lima (panca)
6 = enem (sad)
7 = pitu (sapta)
8 = wolu (hasta)
9 = sanga (nawa)

2)   Wilangan kumpulan (upamane 11 = sewelas, 21 = selikur, 50 = seket, 1000 = sewu).
3)   Wilangan sadhengah (upamane ; sithik, saperangan, sacuwil, akeh, kathak, sekedhik, sadaya).
4)   Wilangan Susun. (pisan, pindho, katelu, kaping pitu lsp.)
5)   Wilangan Pecahan. (1/4 = seprapat, ½ = separo, 2/3 = rong protelon, ¾ = telung prapat lsp.)
g.    Tembung panggandheng (kata sambung/ konjungsi)
Tembung panggandheng yaiku tembung kang gunane nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa. Tembung panggandheng uga bisa kanggo, utawa nggandhengake tembung siji lan tembung liyane ing sawijining frasa. Tuladha tembung panggandheng yaiku: Sawise, sadurunge, wiwit, rikala, nalika, sinambi, nganti, yen, sanadyan, saupama, mangka, kamangka, awit, jalaran, ben, tinimbang, amarga, klawan, nanging, lsp.
h.    Tembung ancer-ancer (kata depan/ preposisi)
Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer tansah mapan ing ngarep tembung aran uatawa tembung sifat. Tembung ancer-ancer iki gunggunge mung winates.
Tuladha, ing, menyang, saka, kanggo, marang, dening, wiwit, kadya, karo, kadi, mawa, kaya, minangka, manut, kanthi, menyang, supaya, saking, kalihan, kagem, kangge, dhateng, lantaran, sareng, lsp.
i.      Tembung panyilah (kata sambung/ artikula)
Tembung panyilah yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwaning tembung kang disilahi lan tembung iki gunggunge winates. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, kang, lan para.
j.      Tembung panyeru (Kata seru)
Tembung panyeru yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, kangelan, susah, lan rasa gumun. Kang kalebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, yahud.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar