Selamat Datang

Minggu, 31 Juli 2011

Materi Sesorah

Sesorah

Sesorah menawi wonten basa Indonesia asring kasebut pidato. Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku:
1. Aweh panglipur marang wong liya
2. Menehi kabar/informasi
3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake

Dene cengkorongane sesorah yaiku:
1.      Uluk Salam/ Salam Pambuka
2.      Purwaka Basa
a.       Atur pakurmatan
b.      Atur puja-puji
c.       Atur panuwun
3.      Surasane basa/ isine pidhato
4.      Ringkesan isi pidhato
5.      Salam panutup











Nuwun, Bapak Kepala SMA Terbuka Kutasari ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah kula tresnani.
Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan Lomba Porsenitas ing SMA Terbuka Kutasari Taun 2011 menika kanthi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara porsenitas. Sageda lumampah kanthi sae nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.
Kula minangka wakil OSIS ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Sukirto, S.Pd., M.Si minangka Kepala SMA Terbuka Kutasari, bapak/ibu guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika. Maturnuwun awit sedaya bimbingan saha panyengkuyungipun bapak/ibu satemah Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika saged kaleksanan lan samangke saged lumampah boten wonten alangan satunggal menapa.
Prelu kawuningan bilih Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika minangka salah setunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat nembang macapat, maos geguritan, damel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olah raga basket, tenes meja, volley lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.
Para siswa ingkang menang utawi dados juara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah sampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng boten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih. Sedaya menang lan kawon menika namung sarana nglatih kuwanen saha gladhen ngasah kawasisan. Supados ing tembe saged mekar ngrembaka dados bakat ingkang migunani kangge dhiri pribadi ugi kangge bangsa lan nagari umumipun.
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatanipun anggen kula matur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.
Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi lan matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.

Nir ing sambekala         =   boten wonten alangan satunggal menapa
Paripurananing              =   rampunging
Nggayuh                       =   njangka
Nyengkuyung               =   ikut serta
Kawuningan                 =   dingerteni
Kawasisan                     =   kapinteran
Mranani penggalih        =   nyenengke ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar