Selamat Datang

Minggu, 31 Juli 2011

Unggah ungguh Basa Jawa

UNDHA USUKING BASA
-       Unggah-ungguhing basa Jawa yaiku trap-trapane basa Jawa kang tujuwane kanggo ngurmati utawa ngajeni wong liya.
  

Undha-usuk basa sekawan jinis dipunbangun saking tigang perangan inggih menika :
1.      tataran tembung (kata)
2.      tataran rimbag, (frasa)
3.      ukara (carita, pitakon, prentah)
Katerangan.
1.    Basa ngoko tegesé basa kang durung kacampuran basa krama utawa krama inggil, dadi sing digunakaké kuwi ngoko kabèh.
Tuladha: aku, kowé, dhèwèké, -mu, -né, tak-, lsp.
2.    Basa ngoko alus tegesé basa ngoko kang kacampur karo basa krama inggil.
Tuladha: Putrané sing mbajeng apa isih sinau nang Semarang?
3.    Basa krama tegesé basa kang awujud krama kabèh ora kacampuran krama inggil utawa ngoko.
Tuladha: Menawi makaten sampéyan asring kekésahan.
4.    Basa Krama inggil tegesé basa kang awujud krama kecampuran krama inggil, basané kang luwih alus lan ngajèni banget.
Tuladha:Kula badhé sowan wonten dalemipun panjenengan, tujunipun panjenengan taksih wonten dalem.

1.    Basa ngoko ;
a.    Dienggo wong tuwa marang anaké.
b.    Dienggo guru marang murid.
c.    Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
d.   Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
e.    Dienggo ngunandika (ngomong jroning batin)
Tuladha: Kowé gelem mangan sega pecel Mas ?

2.    Basa ngoko alus ;
a.    Dienggo déning wong wong sapadha-padha nanging isih ngajèni.
b.    Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.
Tuladha: Panjenengan gelem dhahar sega pecel Mas ?

3.    Basa Krama ;
a.    Dienggo déning wong kang durung raket banget.
b.    Dienggo déning wong kang durung tepung
Tuladha : Sampéyan purun dhahar sekul pecel Mas ?

4.    Basa Krama inggil
a.    Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
b.    Dienggo déning murid marang guru.
c.    Dienggo déning tetepungan anyar.
d.   dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.
Tuladha : Panjenengan kersa dhahar sekul pecel Mas ?

Materi Sesorah

Sesorah

Sesorah menawi wonten basa Indonesia asring kasebut pidato. Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku:
1. Aweh panglipur marang wong liya
2. Menehi kabar/informasi
3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake

Dene cengkorongane sesorah yaiku:
1.      Uluk Salam/ Salam Pambuka
2.      Purwaka Basa
a.       Atur pakurmatan
b.      Atur puja-puji
c.       Atur panuwun
3.      Surasane basa/ isine pidhato
4.      Ringkesan isi pidhato
5.      Salam panutup











Nuwun, Bapak Kepala SMA Terbuka Kutasari ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah kula tresnani.
Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan Lomba Porsenitas ing SMA Terbuka Kutasari Taun 2011 menika kanthi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara porsenitas. Sageda lumampah kanthi sae nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.
Kula minangka wakil OSIS ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Sukirto, S.Pd., M.Si minangka Kepala SMA Terbuka Kutasari, bapak/ibu guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika. Maturnuwun awit sedaya bimbingan saha panyengkuyungipun bapak/ibu satemah Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika saged kaleksanan lan samangke saged lumampah boten wonten alangan satunggal menapa.
Prelu kawuningan bilih Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika minangka salah setunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat nembang macapat, maos geguritan, damel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olah raga basket, tenes meja, volley lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Lomba Porsenitas SMA Terbuka Kutasari taun 2011 menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.
Para siswa ingkang menang utawi dados juara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah sampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng boten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih. Sedaya menang lan kawon menika namung sarana nglatih kuwanen saha gladhen ngasah kawasisan. Supados ing tembe saged mekar ngrembaka dados bakat ingkang migunani kangge dhiri pribadi ugi kangge bangsa lan nagari umumipun.
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatanipun anggen kula matur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.
Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi lan matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.

Nir ing sambekala         =   boten wonten alangan satunggal menapa
Paripurananing              =   rampunging
Nggayuh                       =   njangka
Nyengkuyung               =   ikut serta
Kawuningan                 =   dingerteni
Kawasisan                     =   kapinteran
Mranani penggalih        =   nyenengke ati